Arsip Blog

Rabu, Maret 14, 2012

Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani 'jaang képang'. Tarian jathilan iki dbisa madeg dhéwé lan bisa uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyog lan barongan. Sadurungé tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan kecer[1], sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan).[2] Saliyané kanggo hiburan, tari jathilan uga biasa dianggo prosèsi ritual budaya mistis kayadéné tradhisi tolak bala ing pèrèng Gunung Merapi[3]

Tidak ada komentar: